Senin, 30 November 2009

Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan "Tarumanagara" (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum).
Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan.
Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.

Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi. 
Ing cathetané ana kang nerangaké mangkéné :
1. Ing kono akèh wong ora duwé agama (wong Sundha), sarta ora 
  ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha.
2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané.
3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing 
  dedagangan, ana kang mung lelungan, karepé arep padha 
  menyang Canton.

Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa.
Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan.
Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. 
Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwé akal niru kapinterané wong Indhu. 
Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit.

Senin, 23 November 2009

Senin, 07 September 2009

Tugas Basa Jawa

Sinau basa Jawa nganthi rasa seneng

Akeh sing ngomong yen basa Jawa iku angel. Malah ana mbarang sing duwe usul yen sinau basa Jawa iku luweh angel tinimbang karo sinau basa manca. Menawa sing duwe usul mau yo wong asli jawa. Saka ndi kok isa ngono? Apa tenan basa Jawa iku angel? Omonge wong tuwa, sing bener basa jawa iku ora angel. Menawa sing nggawe angel yo dadi angel. Basa Jawa dianggep angel amarga ning basa Jawa ana sing diarani undha- usuk utawa unggah- ungguhe basa.
Unggah- ungguhe basa mau didum dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, karma lugu, karo krama alus. Saka unggah- ungguh basa cacah papat mau sing dianggep gampang dewe yaiku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh dienggo ana lingkungan jawa, dienggo kanggo omongan wong tuwa karo wong nom utawa cah cilik, karo kanggo omongan cah cilik karo cah cilik, utawa wong tuwa karo wong tuwa sing wis cedhak kumpulane.
Dene unggah- ungguh basa sing dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalke tembung- tembung, aslinipun tembung sing kanggo ngomong wong tuwa. Bab undha- usuk utawa unggah- ungguhe basa mau marang para siswa isa sinau ning sakjrone ulangan basa jawa ning soal.
Wiwit anane Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 kurikulum ngenani basa jawa, basa jawa terus dadi ulangan wajib sing diwenehi ning soal- soal saka tahapan SD nganti tekan SMA. Sadurunge ana keputusan gubernur mau, wulangan basa jawa mung dienggo genep- genepan, mung diwulangno ning tahapan SD nganti SMP. Saiki basa jawa mulai ntuk prioritas, muga- muga wae isa miwiti basa jawa dadi luweh mbregad, ora ajeg mrihatinke.
Akeh para ahli basa sing padha ngomong yen sejatine sing mulai basa jawa dadi mrihatinke iku ora liya yo saka wong jawa dewe. Akeh wong jawa ora ngulinakna nganggo basa jawa ning urip saben dinane. Jarene yen basa jawa ora luwes, kurang komunikatif, lan liyo-liyane. Nyatane wektu saiki akeh keluwarga- keluwarga Jawa anggone ngopeni anake ora nganggo basa jawa. Utamane ibu- ibu, ben-a asli wong jawa, nanging kaya- kaya wes padha lali saka basa jawa. Nyatane nalika duwe anak saka lair anake wes dikulinakna nganggo basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinakna ngomong basa jawa.
Dadi kabeh bocah padha ora ngerti karo basa jawa. Apa maneh unggah- ungguhe. Akehe ibu- ibu mau padha ngomong yen ning jaman teknologi padha maju iku basa jawa ora pati prelu lan maneh saiki umume padha nganggo basa Indonesia. Amarga milih basa Indonesia wae sing jarene luwih gampang. Usulan mau ana benere nanging uga akeh klirune. Wes dingerteni ana umume yen basa jawa iku ora mung isa kanggo kumpulan wae. Luwih saka iku basa jawa uga isa kanggo ngemong bab tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti kanggo para bocah.
Nganthi ngulinakake nganggo basa jawa, menawa para bocah mau isa suwi jaga tatakrama sing bener kaya unggah- ungguhe basa. Basa jawa iku tetep jaga kebenerane iku ketimbang basa liyane. Matur nuwun yaiku conto, aku tahu maca salah siji rubrik pendhidhikan ing majalah Jayabaya, sing nyebutke yen tembung- tembung ning basa jawa iku apik- apik. Lagi anggone ngucapke wae beda karo tembung- tembung ning basa liyane. Upamane tembung “matur nuwun” anggone ngucapke mesthi karo sabar. Beda karo ngucapke tembung thank you , terima kasih, kamsia, sing isa diucapke nganti seru utawa banter. Basa jawa isa disinauni karo cara sing werna- werna, kaya sing isih lan sing tak lakoni. Cara- cara mau upamane, isa sinau saka buku- buku ning sekolahan, khusus para siswa, menawa nemoni bab- bab sing ora cetha kudu wani njaluk ngerti karo bapa utawa ibu guru basa jawa.
Kanggo sing durung ngerti, majalah karo Koran basa jawa iku isine werna- werna, mulai dongeng kanggo para bocah, kabudayan, kasustraan,tekan paramasastra kabeh ana. Nganthi kerep maca wacanan basa jawa mau ora krasa pangerten kita bab basa jawa isa mundhak. Sakwise seneng maca, menawa nemoke bab- bab sing kurang cetha, isa njaluk ngerti karo para sesepuh kepikir ancen langka ning bab basa karo kabudayan Jawa, pantese para sesepuh mau nyata mrantasi temenan. Sakteruse,perkara asil karo ora anggone sinau basa jawa mau gumantung karo awake dhewe- dhewe. Sing wigati, sakdurunge mulai sinau basa jawa luwih dhisik kudu duwe karep sing kuwat nganthi didhasari rasa seneng karo basa jawa. Nglakoni penggawean apa wae menawa didhasari rasa seneng pantese mesthi arep ngetokna asil sing apik lan nyenengke. Luwih apik minangka wong sing dadi kodrate wong jawa ayo padha nduweni rasa seneng karo basa jawa. Sapa maneh sing kudu nyenengi yen ora wong Jawa dhewe. Yo aku karo kowe kabeh.

Sabtu, 25 Juli 2009

Tugas Basa Jawa

1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang.
      Tanggaku nyolong pelem Pak Abu, lan Pak Abu ngertos. Nanging, tanggaku ora ngaku yen             nyolong peleme Pak Abu. Sakbanjure kuwi, Pak Abu ngutus tanggane kanggo nggoleki                   peleme kang ilang
2. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
      Wingi, wonten pembagian BLT ing Balai Desa. Kabeh warga pada teka lan rebutan BLT.
3. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan.
      Kancane adhiku duwe masalah, nanging adhiku ora gelem ngurusi urusane kancane.
4. Anak molah bapa kepradah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake.
      Pak Darmo ngijoli kaca jendela tanggane gara- gara putrane mecahna kaca jendela mau pas            bal- balan.
5. Adol lenga kari busik = dum- duman barang, nanging sing adum ora oleh bagian.
      Dina iku, Pak Haji tindhak ing swalayan lan mundhut roti. Sakbanjure iku, Pak Haji tindhak          menyang panti asuhan arep ngedumke roti mau, nanging saking akehe bocah panti asuhan,          rotine entek lan Pak Haji ora kebagian.
6. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane.
      Dina Setu esuk, Donny lan kanca- kancane pada resik- resik kelas supaya resik. Nanging,              Doddy ora gelem ngrewangi. Sak banjure resik- resik, Doddy langsung mlebu kelas lan lungguh- lungguh ing mester sing wes dipel.
7. Asu marani gebug = njarag bebaya.
      Bocah kang wes ngerti yen ana razia malah njarag nglewati dalan kang ana razia lan ora                  nggawa SIM.
8. Asu rebutan balung = rebutan utawa padodan sing ora mumpangati.
      Kinan lan Kanin iku dulur kembar kang ora tau akur. Ibuke Kinan lan Kanin mundhut                    celana kanggo Kinan, nanging, Kanin ngroyok celana mau, lan wong loro mau rebutan ora               bar- bar.
9. Mbarung sinang = nyela- nyela wong guneman.
      Aku lan kanca- kancaku pada guneman ing ngarep kelas, nanging, Jumin langsung nyela gunemanku lan kanca- kanca.
10. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

      Pak Ahmad kagungan pitik kanga rep disembelih ing dina Minggu. Denny, putrane Pak                  Ahmad ora seneng yen pitike mau arep disembelih. Bareng wis dina Minggu, pak Ahmad              nyembelih pitike lan digawe opor. Denny nangis lan nyuwun karo Pak Ahmad supaya pitik            kang wis diopor dibalike kaya asale. Pak ahmad terus ngendikan karo Denny, yen pitike                mau ora bisa bali kaya asale.

11. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara

      Wektu salat Jumat, Toufik lan kanca-kancane nglebetke infak ing kotak amal, nanging, Aldi          malah nyolong duwit infak. Pak Ustad bengok- bengok yen duwit infak ilang. Aldi ngomong          yen Toufik sing nyolong. Toufik dituduh nyolong, nanging, kanca- kancane Toufik mgomong          yen sing nyolong kuwi Aldi. Sak banjure kuwi, aldi ngaku yen deweke sing nyolong.

12. Belo melu seton = bisane mung melu- melu ora ngerti sing dikarepake

    Warga desa Kembang arep demo ing ngarep balai desa, pak karta ora ngerti ana kadadeyan apa, nanging, Pak Karta malah melu- melu demo.


13. Bebek diwuruki nglangi =wong pinter diwulang mesti gelis bisa.

    Hanis lan kanca- kancane dina iku diwulang pelajaran matematika. Hanis langsung bisa nggarap soal- soal, nanging kanca- kancane durung bisa.

14. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala.

     Rani kancanan karo Riko. Riko kuwi bocah kang senengane nyolong duwit. Saiki, Rani katut           seneng nyolongan kaya Riko.

15. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindhak asor.

       Zaki kuwi cah kang bodho banget ing sekolah. Tumindhake tur asor, senengane nyolong lan           kurangajar yen karo gurune.

16. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu- melu

       Sungkar duwe kanca Anto. Anto senengane metu bengi- bengi lan lunga tekan adoh- adoh,            saiki, Sungkar katut nakal kaya Anto.

17. Ciri wanci ala ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.

       Pak Karyo iku emosinan, sithik- sithik ngamuk. Deweke emosinan gara- gara ora sabaran.            Nganti saiki ijeh emosinan lan ora sabaran.

18. Cor- cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas- ceplos ora dipikir dhisik.

       Mita anake wong ora duwe. Ani anake wong sugeh. Ani ora seneng karo Mita, Ani ngomong          karo Mita yen wong ora duwe ora pantes sekolah ing sekolah iki. Mita loro ati. Ani yen                    ngomong pancen ora tau dipikir dhisik.

19. Mbondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara

       Pemerintah nglarang warga lunga menyang luar negeri amarga ana flu babi, nanging,                      mberah warga kang tetep lunga menyang luar negeri.

20. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugeh kepinteran.

        Friska ngira Nita yen Nita wong lumrah, padahal Nita kuwi pinter banget.