Jumat, 05 Februari 2010

PIDATO PAMITAN HAJI


Assalamualaikum Wr Wb
Para sesepuh ingkang kinurmatan, kula unjuken syukur kaliyan Gusti Allah ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kula panjenengan sedaya.
Kula makili sedaya warga matur ngarsanipun Pak Amir, ingkang kaping setunggal kula lan sedaya warga unjuken muji syukur dene Pak Amir medal haji. Ingkang kaping kaleh kula lan warga tansah nderek mangayubagya tindakipun Pak Amir dados haji mabrur lan ingkang kaping tiga, kula lan sedaya warga nyuwun pangapunten kaliyan Pak Amir.
Cekap semanten lan kula nyuwun pangapunten ingkang wonten kalepatan. Wassalamualaikum Wr Wb